kuwat
ojo cupet mengko ruwet njindet-njindet menungsa kang diuji supaya tahan anggone digraji atine kuwat nyawiji duh Gusti Allah .. fitrohipun manungsa tansah anggersula mangkono dadekna kawula kang kuwawa urip iki.. ono rina ana wengi ono seneng ono susah ono ngakak ono tangis ono putih ono tangis kandaku, urip iki digariske seimbang sakmenit mau, awakdewe kepingkel-pingkel mandang saiki, awakdewe neteske uloh sakmenit mau, awakdewe atine bungah mandang saiki, awakdewe atine kaya diiris, perih duh Gusti Allah .. tetepna kakuwatan sajroning ati kawula jejegna anggonku ngadeg paringono ati kang jembar kaya samudra dene, jantung iki isih krasa deg-deg kuwat.. kuwat.. hamba makhluk kang dicipta ing sakbecik-becike ciptaan kuwat.. kuwat.. hamba tan dewean, Allah karo aku